zaterdag 22 januari 2011

Muludan 1.

Sifat2 ipun Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. (shollalloohu 'alaihi wa sallam).
De Eigenschappen van de Profeet (Vrede zij met hem)

Poro hadirin lan hadirot ingkang minulyo,
Iki cerito bab budi-pakertinipun Junjungan kito kanjeng nabi Muhammad s.a.w.  ingkang kulo aturaken naliko kulo maringi ceramah wonten ing Rachmatullaah Islam tahun 1430 H/2009M.

Wonten ing ceramah puniko kulo bade wicanten campur-campur.

Ing dino iki kito tasik ono ing sak njerone wulan Robi’ul Awal. Sasi iki di arani sasine Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w., amargo ing sasi Robi’ul Awal Rosululloh s.a.w. di lahirake dening Ibune Aminah lan ugo ing sasi iki Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w. sedo. Mulo kanggo mrengeti dhohire (kelahirane) Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w., ing dino iki arep tak terangake nur (cahyo) kang di titahake dening Allah, Ingkang Moho Kuwoso, ing zaman azale mbiyen. Nur iku artine cahyo (sinar ingkang madangi) lan nur ingkang di asto dening Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w. naliko dhohire, iku kahanane ing mbiyen-mbiyene mangkene:

Ing boso Arab, Muhammad iku artine wong kang pantes pinuji. Sadurunge, durung ono manungso kang nganggo jeneng iki. Amargo pinercoyo dadi rasul pungkasan, mula uga sinebut Rasulullah (Rasule Allah, utusane Allah, supoyo maringi pituduh kang bener lan kang saking Allah, Ingkang Moho Kuwoso). Muhammad iku dipercoyo nggowo ajaran Islam lan dadi panutan muslim (wong kang milih Islam dadi agamane). Manut sajarah, Muhammad lair ing taun 570 Masehi ing Mekkah lan seda ing titi mongso 8 Juni 632 Masehi ing Madinah.
Muhammad = kang pantes pinuji. Jeneng-jenenge Kanjeng Nabi Mohammad ugo:
Al Amin = kang bisa pinercoyo utowo Al Shoodiq = kang bener

Bab geneyo kok ono Nabi lan Rosul.
Nabi minongko manungso kang diwènèhi wahyu (ajaran Islam kang ngandhut paugeran tartamtu) songko Allah SWT minongko pitutur urip, déné Rasul kuwi Nabi kang dipréntahaké Allah kanggo nyampéaké wahyu mau marang manungso sa jagat ana ing jamané. Rasul lan Nabi pungkasan yakuwi Nabi Muhammad SAW kang ditugasaké nyampékaké Islam lan paugeran kang kusus marang manungso ing jamané nganti dino kiamat. Sawisé panjenengane wafat/mati, tugas iku diterusaké déning poro pengikuté. Miturut Rukun Iman, wong Islam, kudu percoyo marang poro nabi lan poro rosul.
Ora diweruhi kanthi persis pirocacahé Nabi nanging kurang luwih ono 100,000 déné poro rosul cacahé kurang luwih ono 300. Nanging cacahé Nabi lan Rasul mau ora biso  dipesthèkaké.
Para nabi lan rasul kang wajib dimangertèni déning ummat Islam yakuwi:
  1. Nabi Adam a.s.
  2. Nabi Idris a.s.
  3. Nabi Nuh a.s.
  4. Nabi Hud a.s.
  5. Nabi Salih a.s.
  6. Nabi Ibrahim a.s.
  7. Nabi Luth a.s. (putrosaduluré Nabi Ibrahim a.s)
  8. Nabi Ismail a.s. (putro Nabi Ibrahim a.s.)
  9. Nabi Ishaq a.s. (putro Nabi Ibrahim a.s.)
  10. Nabi Ya'akub a.s.
  11. Nabi Yusuf a.s. (putro Nabi Ya'akub a.s.)
  12. Nabi Ayub a.s.
  13. Nabi Syu'aib a.s.
  14. Nabi Musa a.s.
  15. Nabi Harun a.s. (saduluré Nabi Musa a.s.)
  16. Nabi Zulkifli a.s.
  17. Nabi Daud a.s.
  18. Nabi Sulaiman a.s. (putro Nabi Daud a.s.)
  19. Nabi Ilyas a.s.
  20. Nabi Ilyasa’ a.s.
  21. Nabi Yunus a.s.
  22. Nabi Zakaria a.s.
  23. Nabi Yahya a.s. (putro Nabi Zakaria a.s. & saduluré Nabi Isa a.s)
  24. Nabi Isa a.s.
  25. Nabi Muhammad SAW
Sebagéyanan songko Nabi lan Rosul iki diwènèhi Kitab.

Muslim percoyo yen ajaran kang digowo dening Muhammad s.a.w. iku kang nyempurna-ake kabeh ajaran agomo kang nate ono ing ndunyo iki.

Saiki aku bakal menehi katerangan bab sifat-sifate Kanjeng Muhammad s.a.w..

1. Mohammed (De zeer geprezene).
Dit is de persoonlijke naam van de Profeet s.a.w.. Hij kreeg deze naam van zijn grootvader 'Abdoel Moettalib, die door iedereen gerespecteerd werd vanwege zijn edelmoedigheid. De naam is op vier plaatsen in de Qoer'aan te vinden. De letterlijke betekenis van de naam is degene die alle lofprijzing verdient, en degene die vrij is van elk gebrek en elke tekortkoming. Als je deze eigenschap wil navolgen, dan dien je met je hele hart Allah te aanbidden en te verheerlijken, waardoor je Allah's zegen kan verkrijgen.
وَالَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَءَامَنُوا بِمَا نُزِّلَ عَلَـٰى مُحَمَّدٍ وَهُوَ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَأَصْلَحَ بَالَهُمْ. (سورة محمد(47: 2))
[Qoer'aan 47:2. Maar zij die geloven en goede werken doen, en in hetgeen aan Mohammed is geopenbaard, geloven - dit is de waarheid van hun Heer - hun fouten zal Hij van hen wegnemen en hun toestand verbeteren.]

Artosipun ayat saking kitab Suci Al Qur'aan: Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarto ngistokake marang Muhammad hiyo iko agomo kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapuro dosane lan becikake lakune.
Miturut dhawuhipun Allah puniko, kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bener-bener mbeto agami ingkang dados dhawuhing Allah Ingkang Moho Kuwaos, Ingkang mangerani sedoyo makhluk.

Bangsul dating naminipun Junjungan Kito Nabi Muhammad s.a.w. inggih puniko Muhammad.
Muhammad ingkang artosipun kang pantes pinuji lan ingkang bebas saking keciwa-an.

Saderenge, dereng wonten manungso ingkang ngangge nami puniko. Amargi dipun percados dados rasul pungkasan, milo ugo sinebut Rosulullah (Rosulipun Allah). Maksudipun rosul puniko nabi ingkang dipun paringi kitab dening Allah Swt.

Muhammad puniko dipun percados mbeto ajaran Islam lan dados panutan muslim (tiang ingkan milih Islam dados agamanipun).
Nami puniko ingkang dados naminipun kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. piyambak naliko jaman semanten. Naminipun dipun sukani dening simbahipun ‘Abdul Muttolib, ingkang dipun ajeni dening sedoyo tiang kerono jujuripun. Nami puniko saged dipun sumerapi wonten ing 4 panggenan saklebetipun Al Qur’aan. Yen kito kerso tindak lelampahan kados puniko, kito kedah manembah lan memuji Gusti Allah kanthi ichlasing manah, supados dipun paringi rohmat dening Allah Ingkang Murbeng Gesang. 

2. Ahmed (De prijzenswaardige)
Ook deze naam is een persoonlijke naam van de Profeet s.a.w. Zijn moeder Amina gaf hem deze naam na een aanwijzing gehad te hebben in haar droom.
De naam komt maar één keer voor in de Qoer'aan.
De naam houdt in dat hij zich zo veel bezighield met het verheerlijken en aanbidden van Allah, dat hij Ahmad, de prijzenswaardige, werd. Eerst kreeg hij de naam Ahmad en later werd hij Mohammed genoemd. Ahmad is zijn naam in de hemelen en Mohammed is zijn aardse naam. In Al Moewatta', de befaamde hadithverzameling van Malik, wordt er een hoofdstuk aan de namen van de Profeet s.a.w.  gewijd. Hierin staat: "Malik heeft van Ibn Sjihaab van Mohammed ibn Djoebayr ibn Moet' im overgeleverd gekregen, dat de Profeet s.a.w. heeft gezegd:

'Ik heb vijf namen. Ik ben Mohammed. ik ben Ahmad. ik ben Al-Maah (de vernietiger), door wie Allah ongeloof vernietigt. Ik ben Al Haasjir (de samenbrenger) voor wie de mensen worden samen gebracht. Ik ben Al-aqib (de laatste)".
Als je deze eigenschap wil navolgen, dan dien je Allah te vereren en te prijzen.
وَإِذْ قَالَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ يَا بَنِيۤ إِسْرَائِيلَ إِنِّي رَسُولُ اللهِ إِلَيْكُم مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرَاةِ وَمُبَشِّرًام بِرَسُولٍ يَأْتِي مِنم بَعْدِي اسْمُهُ أَحْمَدُ فَلَمَّا جَاءَهُم بِالْبَيِّنَاتِ قَالُوا هَــٰذَا سِحْرٌ مُّبِينٌ. (سورة الصف(61: 6))
6. En toen Jezus, zoon van Maria, zeide: "O kinderen van Israël, Ik ben Allah's boodschapper voor u, datgene bevestigend wat vóór mij in de Torah was, en een blijde tijding gevende van een boodschapper die na mij komen zal, zijn naam zal Ahmad zijn." En als hij tot hen komen zal met duidelijke bewijzen zullen zij zeggen: "Dit is louter bedrog."

Lan nyaritakno naliko isa anake Maryam, biyen mituturi mangkene: “Poro turune Israil! Aku iki utusane allah marang kowe netepake yen Kitab Taurot kang ono ngarepku lan kitabe poro nabi kang kuno-kuno iku temen kabeh bener. Sarto aku memeca ing tembe bakal ono utusane allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad (Muhammad). Breng jumeneng kanthi tondho yekti pirang=-pirang, wong Bani Israel podho kondho: “Tondho yekti iki cetho sihir”.

Artosipun ayat ing nginggil puniko kados mekaten:
Muhammad, nyaritakakno nalikane Musa pitutur marang poro ummate: “Poro ummatku, ya gene kowe podho nglarakake atiku, ing mongko kowe wis podho weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe. Bareng poro ummat mau podho puguh nyimpang sonko ing bener, Allah ora kerso nuduhake wong kang podho duroko. (سورة الصف(61: 5))
Nami Ahmad (ingkang paling wonten aji).
Ugi nami puniko nami chusus kangge Nabi s.a.w. Ibunipun nyukani nami puniko dateng panjenenganipun saking pitedah saklebetipun impen. Nami puniko wonten sepindah ing al Qur’aan. Maksudipun nami puniko, tiang ingkang ngatahi memuji lan ngabekti marang Allah. Ahmad puniko nami wonten ing akherat lan nami Muhammad nami wonten ing dunyo. Lelampahan lan tindak tanduk kito, kito kedah ngabekti lan memuji ing Allah.

3. Mahmoed (De geprezene)

Allah beschrijft twee bijzondere verworvenheden van de Profeet s.a.w. in het hieronder weergegeven vers uit de Qoer'aan. De eerste goede eigenschap heeft met deze wereld te maken, namelijk het verrichten van het middernachtelijke gebed. De tweede verworvenheid heeft met het hiernamaals te maken, waar hij aanspraak kan maken op de 'maqaam-al-mahmoed' (een prijzenswaardige positie). Omdat aan hem deze prijzenswaardige spirituele positie zal worden gegeven, wordt hij Mahmoed, ofwel de geprezene, genoemd. Op de dag van het laatste oordeel zal hij als bemiddelaar optreden. Als men dan ziet dat hij de maqaam-al-mahmoed heeft verkregen, zullen de mensen hem des te meer prijzen. Als je deze eigenschap wilt navolgen, dan dien je je die verworvenheden eigen te maken, waarom de Profeet s.a.w. geprezen wordt.

Satunggalipun sifat Rosululloh s.a.w.  anggadahi gegayutan kalian dunyo puniko. Inggih puniko panjenenganipun remen sholat ndaluh utawi sholat tahajud. Ingkang nomer kalih anggadahi gegayutan kalian Akhirot. Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bade lenggah wonten ing ‘maqom-al-mahmud’ingkang sampun dipun sediaaken kangge piyambakipun. Puniko pendudukan ingkang paling kathah ajinipun. Ing dinten piwales  Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bade mbelani ummatipun ingkang sami ngibadah kados panjenganipun. Dados kito ingkang manut perintahipun bade mangihi kabejan ing dinten Qiyamat. Yen kito kerso dipun paringi pitulungan ing dinten piwales kito kedah neliti sifatipun Kanjeng Nabi s.a.w. kenging nopo kok panjenengan bade dipun paringi pandudukan kados mekaten ingkang ugi kasebat wonten ing kitab Suci Al Qur’an kados mekaten:
وَلَوْ أَنَّهُمْ رَضُوْا مَآ ءَاتَاهُمُ اللهُ وَرَسُولُهُو وَقَالُواْ حَسْبُنَا اللهُ سَيُؤْتِينَا اللهُ مِن فَضْلِهِى وَرَسُولُهُو إِنَّا إِلَى اللهِ رَاغِبُونَ. (سورة التوبة (9: 59))
Jawinipun kirang langkung kados mekaten:
Lan saupomo wong munafiq mau podho narimo panduming paringi Allah lan Rosule, lan podho ngucap: “Kang nyukupi aku iki Allah”, ing tembe Pandukane Allah lan Rosule bakal paring kanugrahan marang aku. Kito kabeh dhemen marang  Pandukane Allah”.

Poro hadirin lan hadirot ingkang minulyo,
Punopo ingkang dipun paringaken dening Allah lan Rosululloh puniko? Monggo sami aniliti hal puniko. Satunggalipun peparing inggih puniko kasempatan/kalungaran supados sami ngginakaken tempo kangge ngibadah dateng Allah s.w.t. Milo monggo sami-sami pados ilmu ingkang manfaat ingkang kito saged dipun damel ngibadah. Yen kito saged nyontoni tindak-lampahipun Kanjeng Nabi kito saged dados tiyang ingkang alim lan anggadahi sifat ingkang sahe. Milo wiwit dinten meniko monggo sami analisa/niliti dos pundi akhlak lan budi pakertinipun Junjungan kito Kanjeng nabi Muhammad s.a.w.

Ir. S. Moentari MSc.

6 opmerkingen:

  1. Het kan zijn dat het Arabisch niet goed door komt, dit komt door de software die in je computer is geïnstalleerd. Bij dit stuk is Windows 7 en Microsoft Office 2007 gebruikt. Voor gebruikers met Windows XP en Microsoft Office 2007 kan je het Arabisch door je dealer laten installeren, want je moet de Software van Windows XP hebben en bij het installeren van Arabisch die gebruiken. Voor Windows Vista en Windows 7 heb je geen software nodig om Arabisch in je computer te installeren. Je kan dit doen door via de configuratiescherm de toetsenbord voor Arabisch toe te voegen, vergeet niet alle Arabische soorten van je toetsenbord aan te vinken, je kiest aan het begin Saudi Arabia. Succes met het installeren van Arabisch indien je die nog niet hebt.

    BeantwoordenVerwijderen
  2. Dit is een stuk dat ik twee jaren geleden heb geschreven en het kan zijn dat er nog wat tekortkomingen zijn omdat het nog niet aangepast aan het publiek dat nu belangstelling heeft in mijn stukken.
    Dit is een stuk dat ik in mijn lezing bij Rachmatullaah Islam te Sint Michielgestel heb gebruikt. Er zal nog een vervolg worden gegeven. Insya Allah

    BeantwoordenVerwijderen
  3. ''Als je deze eigenschap wilt navolgen, dan dien je je die verworvenheden eigen te maken, waarom de Profeet s.a.w. geprezen wordt.''
    Vanwege het in eerste instantie hebben over ''twee bijzondere verworvenheden van de Profeet s.a.w.'', zou het volgens mij moeten zijn:
    ''Als je deze - eigenschappen - wilt navolgen, dan dien je - jezelf - die verworvenheden eigen te maken, - wwarmee/ waaromtrent- de Profeet s.a.w. geprezen wordt.''

    BeantwoordenVerwijderen
  4. matur nuwun Bapak Soedirman, mugi-mugi tansah pinaringan kasihatan, bimbingan sangking Allah ingkang Moho kuaos, kulo remen sanget dumateng Bapak, mugi-mugi kito dikempalaken ten suwarganing Gusti Allah

    BeantwoordenVerwijderen
  5. Dadi kelingan menawi pulang ndeso, khutbah ngangge boso Jawa, mg Allah swt. tansah paring ridlo lan berkah kangge pendakwah2 kados Pak Soedirman. Amin. Derek tepang saking http://myislam.blogspot.com

    BeantwoordenVerwijderen
  6. Assalamualaikum..tasih asli boso jowone.
    Menawi kepareng bade menawarkan buku kuno Anbiyo boso jowo tulisan arab ditulis tangan thn 1716.Isinipun cerita para nabi.
    Niki pin bbm kulo 59898249
    Face book bangkit sang jaya
    Menawi minat.

    BeantwoordenVerwijderen