Poro hadirin lan hadirot ingkang minulyo, Iki cerito bab budi-pakertinipun Junjungan kito kanjeng nabi Muhammad s.a.w. ingkang kulo aturaken naliko kulo maringi ceramah wonten ing Rachmatullaah Islam tahun 1430 H/2009M.
Wonten ing ceramah puniko kulo bade wicanten campur-campur.
Ing dino iki kito tasik ono ing sak njerone wulan Robi’ul Awal. Sasi iki di arani sasine Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w., amargo ing sasi Robi’ul Awal Rosululloh s.a.w. di lahirake dening Ibune Aminah lan ugo ing sasi iki Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w. sedo. Mulo kanggo mrengeti dhohire (kelahirane) Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w., ing dino iki arep tak terangake nur (cahyo) kang di titahake dening Allah, Ingkang Moho Kuwoso, ing zaman azale mbiyen. Nur iku artine cahyo (sinar ingkang madangi) lan nur ingkang di asto dening Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w. naliko dhohire, iku kahanane ing mbiyen-mbiyene mangkene:
Ing boso Arab, Muhammad iku artine wong kang pantes pinuji. Sadurunge, durung ono manungso kang nganggo jeneng iki. Amargo pinercoyo dadi rasul pungkasan, mula uga sinebut Rasulullah (Rasule Allah, utusane Allah, supoyo maringi pituduh kang bener lan kang saking Allah, Ingkang Moho Kuwoso). Muhammad iku dipercoyo nggowo ajaran Islam lan dadi panutan muslim (wong kang milih Islam dadi agamane). Manut sajarah, Muhammad lair ing taun 570 Masehi ing Mekkah lan seda ing titi mongso 8 Juni 632 Masehi ing Madinah. Muhammad = kang pantes pinuji. Jeneng-jenenge Kanjeng Nabi Mohammad ugo: Al Amin = kang bisa pinercoyo utowo Al Shoodiq = kang bener
Bab geneyo kok ono Nabi lan Rosul.
Nabi minongko manungso kang diwènèhi wahyu (ajaran Islam kang ngandhut paugeran tartamtu) songko Allah SWT minongko pitutur urip, déné Rasul kuwi Nabi kang dipréntahaké Allah kanggo nyampéaké wahyu mau marang manungso sa jagat ana ing jamané. Rasul lan Nabi pungkasan yakuwi Nabi Muhammad SAW kang ditugasaké nyampékaké Islam lan paugeran kang kusus marang manungso ing jamané nganti dino kiamat. Sawisé panjenengane wafat/mati, tugas iku diterusaké déning poro pengikuté. Miturut Rukun Iman, wong Islam, kudu percoyo marang poro nabi lan poro rosul.
Ora diweruhi kanthi persis pirocacahé Nabi nanging kurang luwih ono 100,000 déné poro rosul cacahé kurang luwih ono 300. Nanging cacahé Nabi lan Rasul mau ora biso dipesthèkaké.
Para nabi lan rasul kang wajib dimangertèni déning ummat Islam yakuwi:
- Nabi Adam a.s.
- Nabi Idris a.s.
- Nabi Nuh a.s.
- Nabi Hud a.s.
- Nabi Salih a.s.
- Nabi Ibrahim a.s.
- Nabi Luth a.s. (putrosaduluré Nabi Ibrahim a.s)
- Nabi Ismail a.s. (putro Nabi Ibrahim a.s.)
- Nabi Ishaq a.s. (putro Nabi Ibrahim a.s.)
- Nabi Ya'akub a.s.
- Nabi Yusuf a.s. (putro Nabi Ya'akub a.s.)
- Nabi Ayub a.s.
- Nabi Syu'aib a.s.
- Nabi Musa a.s.
- Nabi Harun a.s. (saduluré Nabi Musa a.s.)
- Nabi Zulkifli a.s.
- Nabi Daud a.s.
- Nabi Sulaiman a.s. (putro Nabi Daud a.s.)
- Nabi Ilyas a.s.
- Nabi Ilyasa’ a.s.
- Nabi Yunus a.s.
- Nabi Zakaria a.s.
- Nabi Yahya a.s. (putro Nabi Zakaria a.s. & saduluré Nabi Isa a.s)
- Nabi Isa a.s.
- Nabi Muhammad SAW
Sebagéyanan songko Nabi lan Rosul iki diwènèhi Kitab.
Muslim percoyo yen ajaran kang digowo dening Muhammad s.a.w. iku kang nyempurna-ake kabeh ajaran agomo kang nate ono ing ndunyo iki.
Saiki aku bakal menehi katerangan bab sifat-sifate Kanjeng Muhammad s.a.w..
1. Mohammed (De zeer geprezene). Dit is de persoonlijke naam van de Profeet s.a.w.. Hij kreeg deze naam van zijn grootvader 'Abdoel Moettalib, die door iedereen gerespecteerd werd vanwege zijn edelmoedigheid. De naam is op vier plaatsen in de Qoer'aan te vinden. De letterlijke betekenis van de naam is degene die alle lofprijzing verdient, en degene die vrij is van elk gebrek en elke tekortkoming. Als je deze eigenschap wil navolgen, dan dien je met je hele hart Allah te aanbidden en te verheerlijken, waardoor je Allah's zegen kan verkrijgen. وَالَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَءَامَنُوا بِمَا نُزِّلَ عَلَـٰى مُحَمَّدٍ وَهُوَ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَأَصْلَحَ بَالَهُمْ. (سورة محمد(47: 2)) [Qoer'aan 47:2. Maar zij die geloven en goede werken doen, en in hetgeen aan Mohammed is geopenbaard, geloven - dit is de waarheid van hun Heer - hun fouten zal Hij van hen wegnemen en hun toestand verbeteren.]
Artosipun ayat saking kitab Suci Al Qur'aan: Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarto ngistokake marang Muhammad hiyo iko agomo kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapuro dosane lan becikake lakune. Miturut dhawuhipun Allah puniko, kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bener-bener mbeto agami ingkang dados dhawuhing Allah Ingkang Moho Kuwaos, Ingkang mangerani sedoyo makhluk.
Bangsul dating naminipun Junjungan Kito Nabi Muhammad s.a.w. inggih puniko Muhammad. Muhammad ingkang artosipun kang pantes pinuji lan ingkang bebas saking keciwa-an.
Saderenge, dereng wonten manungso ingkang ngangge nami puniko. Amargi dipun percados dados rasul pungkasan, milo ugo sinebut Rosulullah (Rosulipun Allah). Maksudipun rosul puniko nabi ingkang dipun paringi kitab dening Allah Swt.
Muhammad puniko dipun percados mbeto ajaran Islam lan dados panutan muslim (tiang ingkan milih Islam dados agamanipun). Nami puniko ingkang dados naminipun kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. piyambak naliko jaman semanten. Naminipun dipun sukani dening simbahipun ‘Abdul Muttolib, ingkang dipun ajeni dening sedoyo tiang kerono jujuripun. Nami puniko saged dipun sumerapi wonten ing 4 panggenan saklebetipun Al Qur’aan. Yen kito kerso tindak lelampahan kados puniko, kito kedah manembah lan memuji Gusti Allah kanthi ichlasing manah, supados dipun paringi rohmat dening Allah Ingkang Murbeng Gesang.
|